Archive for Maret 2018
nah saiki kembali maning nyong, nyong neng kene pan nyeritakna pengalamane nyong pas lagi simulasi unbk sing ke 2
Nah pas dina rabu nyong tangi esuk jam 5 , nah pas kuwe nyong males malesan karena arep simulasi kan mung cuma go latihan , nah jam 6 nyong wis adus neng ngumah wis siap siap mangkat jam 6.45 nah setekane neng skolah wis rame nemen pan tadarus . 30 menit wis berlalu terus langsung maring lab ips nggo ngerjakna simulasine. Nah pas manjing lab hawane atis men terus komputere bisa layar sentuh maning. nah pas lagi pan ngerjakna nyong garo liane olih instruksi sekang pak aji nggo manjingna akun garo password. nah pas lagi ngerjakna soale ana kancane nyong sing komputer e ora bisa nggo ngerjakna soale, dadine kancane nyong pindah maring komputer liyane eben bisa ngerjakna, nah terus bar kuwe nyong ngerjakna soale garo foto foto soale ben nambah bank soale
Bar kuwe nyong ndeleng ndeleng kancane nyong sing ngerjakna soale , soale neda paket mogane ora bisa nyontek. 2 jam wis selese akhire simulasine wis . bar pan log out ana sing komputere rusak terus dadine kancane nyong pada nunggu, bar kuwe ntong wis diajari log out akhire bisa log out
. Ana kancane nyong sing log out langsung akhire nilane ora tertera neng opne. Bar kuwe nyong langsung metu maring jaba. nah neng jaba ana kelas 9a sing lagi bal balan. Pas enak enake bal balan ana pa zuhri sing mbubarna bal balane dadine bal balane wis selese.